Cerkak
Dolan Menyang Surabaya
Liburan kepungkur aku lan keluargaku dolan menyang Surabaya. Aku lan dulurku _guyub rukun_ masio kadang yo tau tukaran. Ing perjalanan teko Kediri menyang Surabaya aku nyawang wong kejambret tangan dawa seng babak belur digebuki para warga. Naliko iku aku lan keluargaku ogak iso mandek ing dalan, lan terus ngelanjutne perjalanan.
Teko ing Surabaya aku lan keluargaku leren ing omah e bapak ku lan turu awan, sadurenge budhal dolan. Sawise tangi aku lan keluargaku golek mangan ing restoran padang. Ing kono masku nek mangan campur bawur ora karuan amarga seneng mangan enak.
Sawise mangan lanjut ing Taman golek angin bengi lan golek angin bengi. Ing kunu akeh kembang- kembang kang apik tenan. Aku nyeluk i mas ku bolak balik nanging masku kandel kupinge saking laline nyawang indah e wengi ing Surabaya. Amargi wes wengi aku lan keluargaku muleh ing omah, lan nerusne dolan sesuk isuk. Isuk teko aku lan keluargaku sarapan nganggu mi instan. Terus lanjut ing kebun binatang.
Ing kebun binatang akeh kewan kang gagah prakoso aku nyawang gajah. Lan aku pengen numpah ing awak e, akhir e aku numpak karo masku. Nanging ibuku cilik atine wedi aku tiba. Sebar e numpak gajah aku nyawang jerapah gulune dowo. Terus aku nyawang ketek udan tangis amarga anak e mati aku ngerasa mesakne, menawa mati amarga akeh pengunjung kang ngekek i mangan sembarangan.
Sa wise mubeng-mubeng kabeh ados keringet. Akhire leren ing gubuk seng ana ning kebun binatang iku. Amarga wes sore akhire aku lan keluarga ku golek mangan ing Restoran bebek bakar ibuku pengen mangan bebek bakar.
Sawise mangan aku lan keluargaku muleh ing omah. Terus sesok isuk balek menyang Surabaya. Sawise teko Kediri masku crito ing gone keluarga Kediri. Namung nek crito ilate mencla mencle akhir e aku seng lanjut cerita. Masku iku due kelakuan gedhe sirahe. Sawise cerita aku karo mbahku dikongkon mangan lan turu awan. Akhire aku mangan lan budhal turu awan.
Komentar
Posting Komentar